-->
close
close

kirikanan

CLOSE ADS
-->
CLOSE ADS

no-style

Iklan

Reuni Stm Ypp kaping 22 ning nggon Nyatnyono. Ojo kaget ,Panggonane sejuk

Senin, 16 Mei 2022, Mei 16, 2022 WIB Last Updated 2022-05-16T17:07:49Z
AESENNEWSJATENG-Ungaran. Daniel Sukarjono sing ketempatan Reuni Akhbar atine seneng banget. Konco-konco podo di kirimi peta google ben ora kesasar.

Reuni Stm Ypp sing di tekani atusan alumni iki acarane meriah banget lan ora kuciwo ,sing marakke acara iki bermanfaat banget. 

Manfaate Reuni Akhbar Stm Ypp iki akeh banget ,yoiku atine seneng biso kepetuk konco-monco lawas ,iso memperpanjang usia ,iso nduwurke imun ,iso ngraketke seduluran alias Silaturahim lan iso nyanyi live bareng.

Ketuane Nur Efendi ngendiko,'Ayo sing rukun yo konco-konco ,ojo podo grag greg ,omong yo sing alus ojo nglarani atine liyan. Lan mugo-mugo tahun iki acara Reunine Stm Ypp personile terus tambah ,soale ning media sosial wes di sebar pengumuman ben konco sing podo ilang mak cling biso ketemu meneh,' ngendikone ketua umum Nur Efendi.

Acarane berlangsung meriah ,soale setiap ngadakke acara Reuni ngene iki mesti ono playere alias solo organt. Soale nek ora ono musike yo eman-eman la wong alumnine do pinter-pinter nembang.

Poro anggota Reuni Stm Ypp nek meh nggolek'i channel youtupe gampang ,pokok'e tinggal ngetik ning pencarian youtube ngene: Seputar Sekolah Tehnologi Menengah ,'
Ngono tok wae mesti ketemune video-video Reuni sing wes di lebok-lebokke youtube.

Konco-konco sing durung gabung ,gabungo wes to ,mesti atimu bungah ,soale Reuni Stm Ypp Akhbar iki ora perduli mbuh lulusan tahun piro tetep entuk gabung. Ojo sungkan-sungkan nek meh nggawe ati seneng ,ketemu Alumni sing angkatan piro wae ono. Seko mulai angkatan tuo sampek enom ono kabeh. Ra usah gengsi kudune ,soale Silaturahim iku penting. Malah jare ketuane ,kumpul-kumpul kuwi marakke pinter lan iso ndawakno umur. 16-05-2022.(Hadi Purwono)
Komentar

Tampilkan

  • Reuni Stm Ypp kaping 22 ning nggon Nyatnyono. Ojo kaget ,Panggonane sejuk
  • 0

Terkini

Topik Populer

Mtultiplek

Close x